Tema :Kelangan
Hp gara gara seneng sombong lan pamer.(sosial kriminal)
Paraga&sifat :
·
Wulan(murid)~
sombong ,tukang pamer,anake wong sogeh,ketua kelas,tanggung jawab,Males,kasar
·
April(murid)~Pinter,seneng
ngrasani,jowo,teges
·
Amel(murid)~jowo,teges,seneng
ngrasani,wanian,
·
Angga(murid)~teges,wakil
ketua,ramah,ngapuroan
·
Pak
Fajar(guru)~jowo,teges,seneng guyon,bijak
Latar :
·
Panggonan~kelas
9h
·
Wektu~Isuk,istirahat
·
Suasana~Tegang,seneng,sedih
Alur :Maju,Mundur
Konflik :Wulan
gowo hp nang sekolah dipamerno,terus hp ne disinggahno Amel karo April ,Wulan
ngeroso kelangan terus Wulan nyalahno Angga,Angga gak terimo ,akhire Angga
ambek Wulan gelut gara gara Hp.
Penyelesaian: Amel karo April kondo nang Pak Fajar
lek hpne Wulan gak ilang tapi disinggahno ,terus Wulan di interogasi nang
kantor,dikandani ,terus Wulan nyesel,akhire pak Fajar ngomong lek hp ne Wulan
gok April,hp ne Wulan mbalek terus Wulan nyesel ,njaluk sepuro nang koncone
terutama Angga.
Amanat :
~Dheweke
gak oleh nduweni sikap sombong lan pamer amarga kabeh iku pinaringe Gusti
Allah.
~Dheweke
gak oleh nuduh wong sembarangan,sadurunge ono bukti sing iso dipercoyo
~ojo
sering mbolos sekolah kajaba ono kaperluan penting utawa lara
~ojo
ngelanggar aturan sekolah
~kudu
dadi arek sing rajin gak oleh njagakno jawaban tugas teko internet
IDE ANEH GARAI SALAH PAHAM
Pas
wektu iku wektu isuk ing kelas 9h ono April lan Amel sing omong omongan.Gak
suwe ono wulan teko ,mlebu kelas.Koyok biasae Wulan mesti pamer barang barang
anyare ,pancen bapake sogeh dadine opo ae sing dijaluk Wulan mesti keturutan.
Wulan :”Assalamualaikum,he rek rek iki lo hp ku
anyar,regane luarang loh,wingi bapakku nukokno khusus gae aku.Aku yo ditukokno
jam anyar lo,lek jam e mek sak juta ae.”(ambek ndudokno hp lan jam tangane)
Amel :”Apik se,tapi gawe opo tuku larang larang
wong intine hp larang ambek hp murah iku podo ae mek gawe golek informasi karo
komunikasi,jam yo mek gawe ndilok wektu,wong yo gok kelas wes onok jam ae kok”
April :”Bener mel,masingono lo yo gak oleh gowo
hp nang sekolahan ndang,engko lek keruhan utawa ilang lak kapok awakmu.”
Wulan :”Halah gak ngarah keruhan masingono,terus yo
gak ngarah ilang,paleng awakmu ngomong ngono iku mergane awakmu iri kan ambek
aku?tenang ae lek iri ngomongo tak tukokno. hahaha“ (Wulan ngenyek April lan
Amel)
Amel :”Hiiii….sopo yoan seng iri ,lek njaluk
wong tuwo jekmulane aku yo isok.”
April :”Batah Mel lek atek ilang lak kapok
dewe,salahe atek sombong pamer”
Gak suwe maneh,bel mlebu kelas
muni,lan pak Fajar mlebu kelas ,nanging muride mung ono 4sing gok kelas. kabehe
podo mbolos mergane akeh sing gak seneng
pelajaran basa Jawa.
Pak Fajar :”Assalamualaikum.”(karo
ndeleh buku sing digowo)
Murid :”Waalaikumsalam pak”(ambek sibuk ngetokno
buku basa jawa)
Pak Fajar :”Piye
kabare rek?”
Murid :”Sae
pak”
Pak Fajar :”Absen
sek yo.Amel?”(ambek moco buku absen)
Amel :”Wonten pak”(karo ngacungno tangan)
Pak Fajar :”Angga?”
Angga :”Wonten pak”
Pak Fajar :”April?”
April :”Wonten pak”
Pak Fajar :”Arini
Wulansari?”
Wulan :”Wonten
pak”
Pak Fajar nyeluki jenenge murid 9 h siji siji nanging ora
ono sing mlebu muride
Pak Fajar :”Nandi
liyane iki rek?kok mung ono arek papat tok ngene”
Murid
:”Mboten mlebet pak,mbolos kabeh.”
Pak Fajar : ”Wah arek arek iki kok ngene
se,wayahe sekolah tambah mbolos,ojo ditiru lo rek!!Wes ndang dibuka bukune
,totok kaca piro rek?”
Murid :”Kaca 40 pak.”
Sakwise pelajaran ,ono bel ngasuh muni,dadine pak Fajar metu
kelas,lan arek arek oleh ngasuh disek.Pas wektu istirahat kumaeng ono celukan
ketua kelas,Wulan moro karo Angga nang ruang guru. Dadi gok kelas mung ono Amel
lan April.
April :“Yok opo se Wulan iku,mala malane hp ne
anyar,jam e anyar,tas anyar,sepatu anyar,kabeh dipamerno.Mala malane duweke
akeh,tapi wong duweke wong tuwane ae kok banggane ngglani,guwayyaaa”
Amel :”Ndayo wong ditukokno bapake ae sombonge
sundul langit,bapakne yo ngunu,anake dimanja ae,ngunuku sampe gedhe lak
kebiasaan dimanja”
April :”Batah se ,pancen anake wong sogeh
,duweke karek nyarok.”
Amel :”Tapi aku yo jengkel pril,jek tumon iki
aku arek sing sombonge koyok ngono pameran pisan.”
April :”Yoopo yo cek e Wulan iku kapok cek gak
sombong lan pamer maneh?”
Amel :”Emmm…keopo lek disinggahno ae barange
sing dipamerno mau,cek e kapok ngeroso kelangan.”
April :”Setuju,tapi aku wedi ngko ndewek sing
dilokno balek mel karo pak Fajar.”
Amel :”Halah tenang ae pril ,engko ayo kondo pak
Fajar lek barange Wulan kumaeng ndewek singgahno kanggo ngerubah sikape Wulan
cek e kapok.”
April :”Ok ewes mel,aku setuju,age ndang
disinggahno engko sedeng Wulan teko lak bahaya.”
Akhire Amel lan April nyinggahno barang e Wulan,trus cek e
gak keruhan sak durunge Wulan mbalek,sakwise nyinggahno Amel aln April langsung
nang kantin,dadine kelase kosong.Tapi gak suwe onok Angga mlebu kelas jange
njepek duwek.
Angga :”Nandi arek arek iki?kok sepi kelase,oh iyo
se istirahat lali aku,paling nang kantin ,yo wes lah aku tak nang kantin pisan
lek ngunu.”(ambek njepekduwek gok kelase)
Akhire Angga metu terus papasan
Wulan gok ngarepe kelas.
Wulan :”Ngga jange
nandi?”
Angga :”Nang kantin
marani arek arek”
Wulan :”Aku melu yo”
Angga :”Iyo ayo”
Sakmarine ngunu ,bel mlebu kelas
muni,arek arek podo mbalek nang kelas,nanging pak Fajar durung mlebu kelas.Lan
Angga ejek leren gok njobo kelas.Amel Wulan April gok kelas takon Wulan ono
pengumuman opo pas kumpul ketua.
April :”Lan mau
ono celukan ketua kelas lapoan?”(ambek mbuka buku)
Wulan :”Sesok kelas 9
resik resik”(ambek hp an)
Amel :”Oala,tak
sangkakno pengumuman opo?”(ambek ngresiki tulisan ing papan)
Moro moro Angga mlayu mlebu kelas.
Angga :”He he he ndang lungguh ono pak
Fajar mrene.”
Pak Fajar :”Assalamualaikum,ayo
ndang dibuka bukune tutokno tugas maeng.”
Murid :”Waalaikumsalam,enggeh
pak.”(karo mbuka buku)
Amel :”He lan ,tugasmu wes mari ta?”
Wulan :”Durung mel,halah gampang
engko mbuka hp ae gak usah repot repot mikir nggarai pegel.”
Amel :”Yo gak ngunu lan,ojo milih
gampange,mene lek ulangan nggarai gak isok”
Pak Fajar :”He kok malah rame se,wes ndang
dikerjakno tugase iku”(nyindir Wulan karo Amel sing rame)
Murid :”Enggeh pak”
Maringunu ono bel ganti pelajaran
Pak Fajar :”Ndoh
wes bel rek,wes mari ta tugase?”
Murid :”Dereng pak”
Pak Fajar :”Walah
rek ket mau kok durung mari ae,y owes menesok kumpulno”
Murid :”Enggeh pak”
Pak Fajar :”Yowes
,Assalamualaikum.”(karo mlaku metu kelas)
Murid :”Waalaikumsalam”(karo nglebokno
buku nang tas)
Sakwise pak Fajar metu kelas Wulan njupuk hp ne jange digawe
nggolek jawaban tugas kumaeng.Wulan kaget pas ero hp ne ganok gok tas e.
Wulan :”Loh,hp ku nandi kok gak
onok gok tas ku?sopo rek sing njipik hp ku ngakuo,keopo iki engko dilokno
bapak,jam tangan ku yo gak onok pisan”(bingung karo mbaleni ngecek tas e)
April :”Yo gak ro lo lan,ndang
mau mbok depek endi?”(April njawab tenang,cek e gak keruhan Wulan)
Wulan :”Mau tak dekek tas rekk..lho
keopo iki mati aku totok omah dilokno entek entekan karo bapak,jekburu tuku
wingi saiki ilang,ngakuo talah rekkk seng njepek hp ku.”(kudu nangis)(April
Amel nyanyi eta terangkanlah)
Amel :”Mangkane talah lan nang
sekolah iku gak usah nggowo hp ngeneki ilang yo awakmu seng rugi.trus yo ojo
seneng sombong ambek pamer kapok awakmu saiki”(macak gak ero)
Wulan :”Oh iyo aku mau papas an
karo Angga metu teko kelas ijen,wah koyoke awakmu iki ngga seng nyolong hp
ambek jam ku,ngakuo ae ngga gak usah kakean drama”(ambek marani nang bangkue
Angga)
Angga :”Ndang kok aku se,aku pancen
teko kelas tapi aku gak njepek barangmu,ojo sembarangan ngarani arek awakmu.aku
gak terimo ngeneki mbok arani.”(moreng moreng nang Wulan)
Wulan :”Walah wes ngakuo ae talah
ngga gak usah ngeles,awakmu iku kakean alasan,ngomongo lek iri mangkane nyolong
barang ku(ambek nyurung Angga sampek Angga jange tibo)
Angga :”Eh biasa ae po’o gak usah
nyurung nyurung ,lek aku tibo gelem tanggung jawab ta?”(ambek nyurung balik
Wulan )
Wulan :”walah lek tibo tak lironi
duwek tenang ae,njaluk piro se sak juta,rong juta,sak milyar?Seng penting
gorene disek hp karo jam ku”
Angga :”Walah mentang mentang anake
wong sogeh,awakmu njaluk sakarepe dewe,sombong pamer,trus saiki hp mu ilang aku
seng mbok arani padahal aku gak njepek,Wong seng sogeh wong tuwamu ae
kok,awakmu iku gak duwe opopo lek ganok wong tuwamu.”(emosi pol pol an)
April :”He wes rek ojo gelut”(berok
berok misahno wulan ambek angga)
Amel :”Ndayo wes talah menengo
rek,marekno apik apik ojo koyok ngene.”(sek tetep njogo rahasia lek hp ne Wulan
disinggahno)
Pas
wektu iku barange pak Fajar ono sing ketinggalan gok kelas dadine pak Fajar
mbalek nang kelas,lan ing kelas pas wektu iku Angga Wulan gelut.
Pak Fajar :”Lho
lho lho onok opo iki kok ruameee..”(kaget lan marani Wulan karo Angga)
Amel :”Niki lo pak,Wulan mbetho
hp,trus sakniki hp ne ical,trus Wulan nuduh Angga,tapi terose Angga mboten
mundut hp ne Wulan.”(Njelasno tapi jek durung jujur)(Amel disenggol April
mergane wedi malah April mbi Amel sing dilokno)
Pak Fajar :”Lho iyo ta lan?mangkane talah
lan nganuto karo peraturan sekolah,ngeneki lek ilang yo awakmu dewe sing
rugi”(Ngandani Wulan)
Wulan :”Enggeh pak ngapunten,trus
sakniki kulo kudu yok nopo pak engken kulo dilokno bapak?Angga niku lo pak seng
mundut hp kulo”(nyuding Angga)
Angga :”Mboten pak kulo mboten mundut
hp ne Wulan.”(ambek mliriki Wulan)
Wulan :”Halah ngakuo ae talah
ngga,aku mau ero dewe kok lek awakmu mlebu kelas ijen sakdurunge nang kantin”
Angga :”Opo se?aku mek njuouk duwek ku
gak njepek hp mu.”
Pak Fajar :”Wes kok malah ribut dewe,saiki
ayo melok nang kantor,dimarekno bareng bareng masalahe.” (Wulan karo Angga nang
kantor)
sadurunge pak Fajar nututi Wulan lan Angga,Amel lan April
ngandani pak Fajar lek hp ne Wulan sakjane gak ilang tapi disinggahno Amel lan
April kanggo nyadarno Wulan cek gak sombong lan pamer maneh.
Pak Fajar :”Oala ngunu ta,y wes suwon wes
ngewangi nyadarno Wulan,tapi kudu njaluk sepuro nang Angga lo yo,sakno Angga
seng diarani Wulan.”
Amel,April :”Enggeh
sami sami pak,enggeh engken nyuwun sepuro.”(sumringah)
Sakwise Wulan karo Angga di interogasi ,areke mbalek nang
kelas lan disusul pak Fajar sing ngetutno ing mburine.
Pak Fajar :”Wes lan saiki awakmu nyesel kan
gowo hp nang sekolah,nyesel kan wes pamer jamtangan larang,awakmu seng
ngelanggar peraturan sekolah awakmu seng rugi dewe.”
Wulan :”Enggeh pak ngapunten,kulo
nyesel pak,kulo mboten ngulangi maleh kejadian niki wau pak.” (ambek melas)
Pak Fajar :”Sakjane hp karo jam tangan mu
gak ilang lan,tapi disinggahno Amel karo April,areke wis kondo aku,pingine
areke ngerubah sikapmu sing senengane sombong ambek pamer.”
Amel :”Iyo lan,aku ambek April sing
ngrencanakno cek awakmu nyesel terus iso berubah.”
April :”Kilo lan hp karo jam tanganmu
aman kok”(ngekekno hp karo jam e wulan)
Amel :”Sepurane yo ngga gara
gara ndewek awakmu sing dadi sasaran e Wulan,ndewek gak bermaksud ngelarani
awakmu,tapi iki gawe kebaikan e Wulan yo gawe kebaikane wong akeh,awakmu yo gak
seneng kan lek Wulan iku sombong karo pamer,dadi ndewek pengen ngerubah sikape
Wulan.”
April :”Iyo ngga sepurane,kene wis
gawe awakmu soro.”
Angga :”Iyo rek aku ngerti kok karepe
awakmu.”
Pak Fajar :”Wes
saiki masalahe wes mari,ojo dibaleni maneh lo lan kesalahane.”
Wulan :”Enggeh pak maturnuwon
sampun dielengaken karo arek arek sepurane yo gawe sikapku iko karo suwon yo
Pril Mel wes nyadarno aku,sepurane pisan ngga aku wis ngarani awakmu sing
maling hp ku.”
Amel,April :”Iyo
lan”
Angga :”Iyo lan gakpopo.”
Wulan :”Yowes ngene ae gawe roso
suwon ku keopo lek awakmu kabeh tak traktir nang kantin engko.?”(nawani
April,amel,angga)
AprilAmelAngga:”Setuju”
Pak Fajar :”Gurune
ojo lali ditraktir pisan rek,hahaha”(guyon pak Fajar)
Wulan :”Monggo pak,mangke istirahat
wonten kantin sareng kaliyan lare lare kulo traktir.”
Pak Fajar :”Hahaha
,suwon lan.”
Wulan :”sami sami pak”
AprilAmelAngga :”Suwon
lan”
Wulan :”oke,aku berubah kok rek.”
AprilAmelAngga:”hore….sukses rencanae.”
Akhire Wulan berubah ,ora mbaleni maneh sikap sombong karo
pamere.
Kelompok 9H :
1. Amalia Dwi Berliyanti(06)
2. Angga Dwi Fermansyah Putra(07)
3. Aprilia Mifta Wulandari(09)
4. Fajar Mahendra(19)
5. Wahyu Wulansari(31)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar